Kamis, 15 Januari 2015

Status Nanggung Kangen Jaman Kuliah ~

    Senajan anggonku kuliah ora koyo kampus liyane sing isa exchange menyang ngendi - ngendi, kampusku nduwe sensasi ngangeni bedo koyo kampus laene. Kampus kedinasan sik jenenge STAN, lokasine ing Jurangmangu Bintaro iki kampus sik terkenal, dan makin terkenal kaet kasuse Gayus. Njuk kabeh - kabeh yen ngunekke kampusku sakpenak udhel, yen takon sakpenake dewe, " Adek kelase Gayus yo? Wah, calon pengawe pajak, koyo Gayus dong." Mbok pikir diunekke kaya ngono enak ndes? Sik nggawe perkara wong siji, kabeh almamatere kena, padahal yo ora mung Gayus tok sik nggawe kasus korupsi lan sejenise, le mbahas kasuse ning media lebay sumpah ra entek entek. Paling wong - wong sentimen lan do sirik ki lebay yen ana kasus nyangkut almamater kampusku. Yo maklum, mlebu STAN ki angel lan kuliahe gratis alias dibiayai negara. Lha angkatanku wae seko pendaftar 113.000 sik ketampa ming 3.000, kuliah ngadepi DO alias drop out tiap semester yen ora memenuhi minimal IP lan absen. Sangar to? Sangar sih, tapi aku kuliah yo teko asal taklakoni, lha piye meneh, iki jenenge the power of doa orangtua. Sekolah sik takpengeni blas ra ketampa kabeh, giliran kon ng UNY lan STAN malah ketampa, kui 2 nggon sik paling direstui wongtuaku. Gusti Allah ki Maha Adil, yen aku kuliah ning kampus sik mbiyen takpingini wongtuaku makin pontang - panting nggolekke duit, anak mbarep sisan adhi - adhi ne yo butuh sekolah. Wis alhamdulillah yo isa kuliah, gratis sisan..

Iki lho sekolah sik jenenge STAN ciyee




    Cita - cita oleh sakduwur langit, tapi realistis kuwi penting. Asline pengen dadi dokter kawit cilik, po meneh tau kena luka bakar tansaya pengen. Wis tak betah - betahke ning kelas imersi sik lanangane ming 5 iji, lan bocahe pinter - pinter, untung bocah - bocahe penak lan apikaaan, sanajan ra kompak - kompak banget. Pengenku ki pindah IPS, kelase luwih rame lan seru, ora koyo kelas IPA sik garing kemripik, nanging aku ra pindah wong cita - citaku dadi dokter. Yen ngerti aku kuliah STAN ngono aku pindah sisan, yen ngerti aku ra dadi dokter. Hahaha Isane mung mengandai - andai, ra apik. Ana sik disesali, ana sik patut disyukuri. Yo sanajan aku kuliah STAN dan digantung penempatan, paling ora beban nyekolahke anak gawe wongtuaku berkurang. Mugo - mugo wae ndang penempatan lan rapelan hahha selak taktunggu - tunggu, list pengeluaran wis ngawe - awe..
    Ngomong - ngomong soal kuliah ning STAN, abot ra abot sih nek dirasakke. Yen ngoyak IP karo target ngoyo, yo abot, yo ngrekasa po meneh sing bendinane sinau sampe jarang turu. Nanging kui dudu aku HAHAHA Ora patio abot yen kowe mung dadi survival, sinau yen meh ujian, gaweane tura - turu ning kelas, ono tugas teko digarap selow wae, tentir mrono - mrene yo asal melu wae. Yen iki aku banget wkwkwk. Asline aku ra seneng pelajaran akuntansi dan kawan - kawan, po meneh aku kuliah jurusan Pajak, lahke muntah kowe maca peraturan sik sebajek kere. Rada mawut - mawut uripku nek soal pelajaran, yen sregep sih asline isa. Eleke aku yo kui, gelem sinau yen babagan sik disenengi, yen ra seneng yo wis teko selow. Yo ngene iki hasile, IP aman lah, peringkat? Ojo ditakoni hahaha, wisuda wae lungguhe ning bangku mburi - mburi sik wis arang wedhoke :V
    Kuliah ning STAN iku penaak banget, kaya SMA season 2 hahaha. Sekolah nggo seragam duwuran kemeja warna cerah, ngisoran rok/celana gelap, lan kelase setahun bareng, meh kaya SMA pokoke, ditambah ana acara kaya makrab, acara Festival kedaerahan lan liya - liyane. Ana sik nyenengke ana uga sik marai sedih.
DO does exist ning STAN, sedih rasane nalika kanca ke DO lan dewe ra isa apa - apa, rasane kelangan kanca gara - gara DO kui ra penak asli bro. Yen ra percaya rasakke dewe kuliahe ning STAN. 
    Wis kelewat 1 taun luwih masa kuliahku rampung, wis wisuda, magang golek dewe bendina KRL an mangkat kerja empet - empetan kaya sarden, saiki wis tes lan di training ning kantor pajak wis diopeni negara. Status saiki ki nanggung, PNS durung, mahasiswa wis ora. Selak pengen ndang kerja tenanan, pengen kursus werna - werna, pengen kuliah maneh dadi mahasiswa. Aku kangen kampus, kangen urip jaman kuliah. kangen balik mbengi amarga rapat po mung dolan ning Lawson po warkopan, kangen nonton bal - balan keplak - keplakan, kangen suasana kampus, kangen klayapan ning posko STAPALA sing wis kaya keluarga kedua, kangen mrono mrene golek tebengan lan kanca lunga isih gampang, kangen nonton futsal ndelok gebetan nendang bal, kangen nyanyi, kangen karaoke, kabeh - kabeh tak kangeni, kabeh urip jaman mahasiswa, kampus, Bintaro, sak ujian - ujiane wae tak kangeni, sanajan kerep keturon pas ujian, kangen teko, lungguh, turu gojekan ning kelas kaya ra ana beban, kangen udan - udan hahaha

nongkrong Lawson maen kartu, guyon pekok

ki foto jaman tingkat 1


karaoke tingkat 1 kangeen cah
Iki kelas 2B ~
Kelas Trojan semrawut

wisudaaa bareng cah kelas Trojan

alay sih, tapi geli dewe

pengarahan sadurunge OJT, STAPALA bagian DJP

jaman munggah Argopuro, Oktober wingi
    Wis lulus, mulai training, ning Temanggung sisan, rasane kaya kelangan akeeeeh banget kanca, padahal pancen wis fasene bar lulus lan wis ra mahasiswa fase urip geser ning fase luwih serius, dunia kerja, lan perumah tanggaan. Kerasa banget umur 22 tinggal sesasi maneh, wis meh 23 umur - umur undangan ulangtahun wis maleh dadi undangan nikah, apa meneh cah STAN - Setelah Tamat Akad Nikah iku pancen beneran kedadean. Akeh kancaku wis pada nikah, ana sik wis meteng, nduwe anak malah. Aku isih dadi tim kondangan hore - hore hahaha. Kok umur 22 isih jomblo sih Nggi? Akeh sik do iyik takon, kerep do ngece gara - gara aku sih jomblo. Yaelah bro, umur semene mah meh golek yang nanggung. Yowislah kalem, mending golekke sik cocok daripada iyik ming ngece wae. Wis ah, sik penting kabeh dilakoni wae, kabeh bakal rabi yen ketekan mangsane. Yen jodoh bakal ketemu ning pelaminan lungguh sebelahan, yen ra jodoh bakal ketemu juga nanging salaman karo mantene hahaha..
Keep calm lan tunggu rapelan, penempatan ~

Anggi,
lagi random lan kangen jaman kuliah

Tidak ada komentar: